Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1
Wacanen kanthi permati!
Nonton Wayang
Jam setengah sanga bengi gamelan
wiwit talu. Swarane gamelan rampak runtuut amarga sing nabuh niyagane mumpuni.
Bengi iku para niyaga nganggo blangkon lan beskap sragam. Warangganane ana
papat kabeh ayu-ayu tur swarane becik-becik.
Jam sanga bengi swarane gamelan
suwuk. Ki dhalang wiwit manggung, katon mrabawani. Ki Dhalang pancen wis
kondhang amarga antawecanane pantes, swarane bergas, nguwasani gedhung, tur
pinter mbanyol.
Bengi iku lakone laire
Gathotkaca. Critane mangkene. Nalika bayi pusere Gathotkaca ora isa dikethok
nganggo gaman apa wae. Permadi pamane Gathotkaca banjur ngampil gaman
kedhewatan kanga ran Kunta Jayadanu. Emane mung oleh warangkane awit gamane
dhewe kleru diwenehake Surya Putra. Saka keparenge Dewa, senajan mung awujud
warangka nanging bisa kanggo ngethok pusere Gathotkaca.
Sawise pusere bisa dikethok
Gathotkaca di jedi ana kawah Candradimuka dening dewa. Panjedhine diwori
saliringgegaman, mula Gathotkaca dadi otot kawat balung wesi, sekti mandraguna.
I. Wenehana
tandha ping (x) ing aksara a, b, c utawa d kang dadi wangsulan kang paling
bener!
1. Irah-irahan wacan ing
dhuwur yaiku ….
a. nonton sirkus c. nonton wayang
b. nonton jaranan d. nonton pasar malem
2. Wong sing
pegaweyane nabuh gamelan arane ….
a. niyaga c. waranggana
b. wiraswara d. wirapradangga
3. Lakone
wayang bengi iku yaiku ….
a. Laire Wisanggeni c. Laire Abimanyu
b. Laire Gathotkaca d.. Laire Bima
4. Pamane
Gatjotkaca kang ngampil gaman kadhewatan yaiku ….
a. Nakula c. Setyaki
b. Sadewa d. Harjuna
5. Karana
panjedhine diwori saliring gaman mula candrane Gathotkaca ….
a. otot kawat balung wesi c. otot waja balung wesi
b. otot wesi balung kawat d. otot wesi balung waja
6. Garwane
Prabu Rama aran dewi ….
a. Madrim c. Kunthi
b. Shinta d. Arimbi
7. Perang
antarane Sugriwa karo Suballi diarani ….
a. ribet c. ruwet
b. riwet d. ruket
8. Ngarang
uga diarani ….
a. nulis buku c. nggambar buku
b. ngarang buku d. nulis kaligrafi
9. Adhine Rahwana jenenge ….
a. Karna c.. Kresna
b. Kumbakarna d. Rama wijaya
10. Aku (maca)
laying kanggo simbah. Tembung maca kang bener yaiku ….
a. macake c. macaken
b. macakkna d. macakake
11. Aja mung
sedhela, mampirmu sing ….
a. suwe c. wengi
b. cepet d. kesuwen
12. Satriya
Pandhawa iku turning Prabu ….
a. Kresna c. Pandhu
b. Dasamuka d. Rama
13. Jenenge manuk mitrane Dasarata yaiku ….
a. Jatayu c. Suballi
b. Sugriwa d. wanara
14. Pak guru … supaya bocah-bocah tuku buku
a. akon c. dhawuh
b. ngakon d. ngekon
15. Aja
encer-encer bubure, sing rada ….
a. kenthel c. legi
b. encer d. lumer
II. Gathukna wangsulan ing sisih kiwa nganggo cara nulis aksarane ana
ing njero kurung sing kog anggep bener!
16. Aja
rame-rame simbah lagi (…) a.
Rahwana
17. Raja Alengka (…) b.
lima
18. Abot …
ditandangi bareng-bareng (…) c.
ukara prentah
19. Pandhawa (…) d.
papat
20. Satriya
Madukara (…) e.
entheng
f. Janaka
g. Bisma
III. Isenana titik-titik ing ngisor iki nganggo
tembung kang mathuk!
21. Panahe Prabu
Rama arane ….
22. Utusane
Prabu Rama nggoleki Dewi Shinta yaiku ….
23. Dewi Shinta
dipingit ana ….
24. Supaya bisa
ngarang sing apik kang perlu digatekake yaiku nemtokake ….
25. Nis, tulung
(gawa) bukuku sing akeh iki. Tembung gawa kang bener yaiku ….
26. Ibu ngakon sinau Anisah. Basa kramane sing bener yaiku ….
27. Aja lirih-lirih ngomongmu sing ….
28. Ramane para Pandhawa yaiku ….
29. Kang
nglakokake wayang diarani ….
30. Gathotkaca
satriya ing ….